ELISAH HELO REMON

Elisah Helo Remon, humor kocak koplak di kelas, siswa baru, guru karo murid anyar

Percakapan seorang guru dan murid baru di kelas dalam bahasa Jawa.

Guru:Lho, ono murid anyar toh?
Murid : Nggih, Pak.
Guru : Sopo jenengmu, Nduk?
Murid : Nami kulo Elisah Helo Remon, Pak.
Guru :Wah, wah! Kowe keturunan Latin to, Nduk? Jenengmu koyok sing nang Telenovela.
Murid : Sanes, Pak. Kulo asli Ngalam.
Guru:Ngalam…?
Murid:Malang, Pak?
Guru:Oooh… kera Ngalam toh. Arek Malang biasa malik omongan.
Murid:Ngapunten Pak, keprucut….
Guru : Bapakmu duta besar ta, Nduk? Opo tau tugas nang Meksiko?
Murid : Mboten, Pak. Bapak kulo mbecak.
Guru : Jenengmu kok apik temen, opo artine Nduk?
Murid : Bapak kulo senengane togel. Lha, pas kula badhe lahir, nomere tembus ....
Guru : Hmmmm…. ngono toh. Lha terus opo hubungane karo jenengmu? Elisah Helo Remon iku artine opo, Nduk?
Murid : Niku sampun diwalik kale bapak kulo. Menawi mboten diwalik asline ngeten Pak: HASILE OLEH NOMER ...
Guru:#2%&&*)&%@9.....

Comments

Popular posts from this blog

Menerobos Lampu Merah

Pasangan Kakek Nenek yang Pelupa